• home
Home » » Werkudara Lahir

Werkudara Lahir

Werkudara Lahir
Wayang Mahabarata Bahasa Jawa. Ksatria Bima utawa Bhimasena iku anak lanang nomer loro saka Pandu lan Dewi Kunti kang kalebu saka Pandawa Lima. Bima ugo anduweni asma sanes yaiku Werkudara. Tokoh pewayangan kang digambarake dening tokoh kang gagah perkasa, lan kasar dadi lawan kang medeni kanggo sopo wae kang dadi musuhe.
Ana ing kisah wayang mahabarata bagian Adiparwa diceritaake yen Pandu dikutuk dening Resi Kindama amerga tanpa sengaja mateni Resi Kidama kang anjelma dadi Kidang. Amerga kedadean iku, Dewi Kunti banjur njaluk keturunan saka Dewa Angin kang awujud Dewa Bayu. Saka Dewa Bayu punika Dewi Kunti banjur anduweni keturunan kang dijenengake Bima.
Amerga kalebu keturunan Dewa, kawit bocah Bima terkenal kuat lan ora ana bocah liya kang bisa nandingi kekuatane. Sikap Bima wektu bocah kang seneng jail dening ponakane yaiku Kurawa andadeke Duryadana kang kalebu Kurawa sengit lan dendam dening Bima. Malah kawit bocah Duryadana wis anduweni niat kanggo mateni Bima.
Ana ing cerita wayang Mahabarata Werkudara Lahir Versi Bahasa Jawa diceritakake ana ing sawijining dina wektu para Kurawa lan Pandawa lungo plesiran menyang kali Gangga, Duryudana weneh pangan lan nginum dening Bima kang sakdurunge wis dicampuri racun. Sawise Bima mangan lang nginum dumadakan dewe’e semaput. Ana ing wayah iku Duryadana kang wis duweni dendam dening Bima banjur ngencang Bima nganggo tali lan diseret menyang tengah kali kanti perahu cilik.
Ana ing tengah kali kabeh awake Bima disembur Ulo kang akeh urip ana kali Gangga iku mau. Anehi semburan ulo kang cacahe akeh banget kui mau justru anggawe Bima sadar saka semaput. Sawise Bima sadar apa kang kedadean banjur dewe’e nguculi tali kang mlilit ana ing awake saha mateni ulo kang wis pada nyembur awake. Saka kunu ana siji Ulo kang bisa mlayu saka Bima lan wadul dening rajane kang aran Antaboga.

Krungu pawartos saka anak buahe, raja Antaboga banjur nemoni Bima lan paring nginuman ilahi. Saka nginuman iki diceritakake yen Bima tambah kuat lan bisa bali ana tlatah Astina Pura. Ngerteni Bima mulih kanti slamet Duryudana mangkel banget amerga Bima tasih urip.

Cerita wayang werkudara mahabarata dalam bahasa jawa

0 comments:

Post a Comment