• home
Home » » Laire Gatotkaca

Laire Gatotkaca

Laire Gatotkaca
Sakwise suwe nunggu-nunggu akhire Dewi Arimbi ngandung anak saka Bima. Kabeh rakyat Pringgandani seneng banget, amargakne anak iki arep dadi generasi panerus dadi raja neng Pringgandani yen Dewi Arimbi wis tilar donya.
Wektu kuwi kabeh putra Pandawa dimawani Sri Batara Kresna ora ketinggalan kabeh punakawan Semar, Astrajingga, Dawal lan Gareng ngumpul neng Istana Pringgandani, piyambake sedaya lagi ngumpul nunggu wektu kelairan sang putra Bima. Ora suwe banjur krungu tangisan bayi kang nggegerake tlatah Pringgandani, kabehe sing ana ing bangsal njupuk ambekan dawa. Sawektu banjur ana emban sing ngabari yen putra mahkota wis lair kanthi waras ngono uga karo kondisi Dewi Arimbi. Krungu kabar kesebut nambah kebahagian sekabehe, siji poro siji saka dekne kabeh menehake slamet marang Raden Aria Werkudara alias Bima dhuwur kelairan putrane.
Sawentara wayah banjur dekne kabeh bisa mlebu niliki ing njero kamar, ana kamar Dewi Arimbi lagi lumahan ana ranjang kang hiyasane emas lan alase saka sutera arupa biru kedelok seneng karo mesem nyambut ketekan Bima diiringi saka kabeh kadang wargi (sedulur). Ora adoh saka panggone kedelok siji paturon sing luwih cilik, ana kunu katon bayi lanang gagah banget lan tampan prayogane ksatria trah dewa, mung wae embing-embing saka bayi kesebut isih nempel durung dipotong. Pas babakan kesebut ditakonke marang emban, emban njawab menawa kabeh upaya kanggo motong tali embing-embing kesebut ora ana kang kasil.
Krungu jawaban kesebut Bima gusar banget lan njaluk tulung marang sedulur-sedulure kanggo motong tali embing-embing anake kang diparingi asma  Jabang Tutuka. Bima nyoba motong karo kuku pancana ananging gagal,  Arjuna nyoba nggunakne kabeh senjatane diawali karo keris Pancaroba, keris Kalandah, panah Sarotama ugo panah Pasopati kabehe tasih wae gagal. Sri Batara Kresna sing wektu kuwi teka nyoba karo senjata saktinya Cakra Udaksana, mung ngasilke percikan-percikan geni pas dicoba motong tali embing-embing kuwi. Kabeh pada gumun rumangsa takjub lan heran saha pada nglokro, Dewi Arimbi mung bisa nangis ndeleng hal kesebut dirundung rasa kuwatir yen anake kudu nggawa tali embing-embing nganti gedhe. Ana kahanan kesebut tanpa kawruhan sadurunge Begawan Abiyasa sing ora liya mbah kakung saka para Pandawa utawa buyut saka Jabang Tutuka wis rawuh ana panggonan kesebut, kabeh sing teka menehake sembah sungkem marang Abiyasa. Begawan sing sakti mandraguna iki ngomongke menawa tali embing-embing kuwi mung bisa dipotong saka senjata kadewatan sing asale saka Betara guru. Kanggo kuwi Sang Begawan njaluk Arjuna kanggo lunga menyang Kahyangan nggoleki senjata kesebut. Sakwise oleh dawuh saka mbah kakunge lan njaluk ijin marang sedulur-sedulure Arjuna diiringi dening para punakawan cepet menyang Kahyangan kanggo nggoleki senjata sing dipangarahake saka Begawan Abiyasa, lagekne Sang Begawan enggal kundur menyang Padepokan sakwise menehake do’a kanggo buyut  utawa cicite kesebut.
Sawentara ana ing Kahyangan kana kaanan lagi gonjang-ganjing diamargakne tempuhan saka Naga Percona sing pengen mbojo salah siji bidadari sing nduwe jeneng Dewi Supraba. Diamargakne Naga Percona dudu sembarang makhluk, dheweke yaiku raja sing nduweni kesaktian mumpuni lan bisa diomongke luweh dhuwur saka para dewa. Pusaka petir Batara Indra amung kaya godhong-godhong garing kang diuncalke dening anak-anak kanggo Naga Percona, geni mulat-mulat saka Batara Brahma amung dadi dolanan wae kanggo Naga Percona. Batara Bayu sing ngetoke ajian badai gedhe ora anggawe mundur ugo. Cakra Udaksana saka Batar Wisnu padha wae ora bisa ngalahake Naga Pancona, singkat cerita para dewa mundur kanti kahanan babak-bundas.
Batara guru merapal japa lan ndeleng Kaca Trenggana, saka kuni dingerteni menawa sing bisa ngalahake Naga Percona namung Jabang Tutuka anak Bima sing lagi lair. Sabanjure Batara guru ngongkonke Batara Narada kanggo menehake pusakane sing nduwe jeneng panah Konta Wijayadanu marang Arjuna kanggo motong embing-embing Jabang Tutuka karo imbalan bayi kesebut kudu dadi panglima perang ngahadapi Naga Percona. Ana wektu sing barengan Aradeya utawa Karna lagi tapa neng pinggir kali Gangga nggoleki pusaka sekti kanggo deweke, nang wektu Batara Narada nyedhaki panggon kesebut atine seneng amarga Aradeya iki dikira Arjuna, amarga rupane bener-bener persis lan Batara Surya bapak saka Aradeya sengaja ngetoke sinar cemlorot ana sekitar Aradeya, dadine Batara Narada ora gamblang ndelenge, dadine ora sadar menawa wong sing diserahi pusaka kesebut dudu Arjuna.
Sakwise oleh pusaka sekti kadewatan Aradeya bungah banget banjur mlayu tanpa mengucapkan matur nuwun marang Batara Narada, kedadean kuwi nggawe Batara Narada eling menawa dheweke salah wong, ora suwe banjur Arjuan kanti pangiring para Punakawan dugi wonten panggenan kesebut, karo sedhih Batara Narada nyritani menawa awake wis salah wong anggone paring pusaka kadewatan sing sakudune diserahkan marang Jabang Tutuka liwat tangan Arjuna, salah diserahke marang wong sing ora dikenal lan nduweni rupa persis karo Arjuna. Krungu crita kesebut Semar nyalahake Batara Narada amarga gegabah maringna senjata sakti marang wong asing, mawa cepet njaluk Arjuna mburu wong kesebut.
Arjuna mlayu lan kedadeyan nyusul Aradeya, awale pusaka kesebut dijaluk kani apik-apik lan diomongke yen arep digunakne kanggo motong tali embing-embing keponakane. Aradeya ora nggubris apa kang diaturke dening Arjuna, akhire kedadean perang-tanding ngrebutke pusaka kesebut. Nganti kedadean Arjuna nyekel wrangka pusaka kesebut  sawentara Aradeya nyekel gagang panah Konta Waijayadanu. Dekne kabeh padha geret-geretan lan akhire kesungkur amarga pusaka Konta ucul saka warangka/ wrangkane. Banjur Aradeya mlayu lan Arjuna kelangan enggok.
Karo sedhih Arjuna nunjukake warangka pusaka Konta Wijayadanu marang Semar, banjur dhuwur saran Semar dekne kabeh bali menyang Pringgandani sawentara Batara Narad dikongkon mulih menyang Kahyangan lan diomongke menawa Jabang Tutuka arep cepet digawa menyang Kahyangan. Kedadean aneh ana ing Keraton Pringgandani, warangka kang digawa Arjuna kesebut digunakne kanggo motong tali embing-embing Jabang Tutuka, tali embing-embing pedot lan warangka pusaka kadewatan kuwi mlebu ana njero udel Jabang Tutuka. Kedadean iki miturut Semar wis dadi takdir menawa mengko ana pungkasing cerito peperangan gedhe/ perang Bharata Yuda pusaka Wijayadanu bakal bali mlebu marang warangkane, kanti tembung liya Jabang Tutuka bakal mati yen ngadhepi pusaka Konta Wijayadanu.
Sakwise tali embing-embing kepotong Arjuna banjur nggawa Jabang Tutuka menyang Kahyangan kanggo nepati ujar marang Batara Narada, menawa Jabang Tutuka arep dadi panglima perang lan ngadhepi Naga Percona. Awale Bima nglarang amarga anake isih bayi lan piyambake saguh gumantekni ngadepi Naga Percona. Sakwise Semar matur menawa Jabang Tutukalah sing kudu mangkat amarga dheweke sing dipercaya saka dewa lan Jabang Tutuka uga sing wis nggunakne senjata kadewatan dudu liyane. Disamping kuwi Semar njamin yen nganti ana kedadean sing marakake Jabang Tutuka celaka Semar wani wenhke nyawane marang Bima. Krungu atur saka Semar kesebut, Bima sing nduweni linuwih lan ngelingi sapa saktemene Semar iki, akhire ngijinke putrane perang mungsuh Naga Percona.
Arjuna diiringi para Punakawan cepet nggawa Jabang Tutuka menyang Kahyangan, sakwise nyedhaki gerbanga Selapa Tangkep tepate neng Tegal Ramat Kapanasan Arjuna seseleh Jabang Tutuka ing tengah dalan nuju gerbang. Sabanjure Arjuna nggatekake saka adoh bareng karo para dewa, ora suwe Naga Percona teka lan ndeleng ana bayi ing tengah dalan. Dheweke ngece Batara guru kanthi ngomong yen Betara Guru wis edan amerga ngongkon perang nglawan bayi sing mung bisa nangis. Banjur dheweke nggendong Jabang Tutuka lan nyedhakake ana raine marang Jabang Tutukan, ora dinyana tangan Jabang Tutuka ngantem rai Naga Pencona nganti matane kekacar gethih. Naga Percona nesu lan mbanting Jabang Tutuk ana lawang gerba nganti mati. Ddeleng kedaean kesebut para dewa ora kajaba Batar guru, Batara Narada lan Arjuna kaget lan was-was yen Bima nganti ngerti anake mati saka Naga Percona, mesti piyambake bakal ngamuk ana ing Kahyangan. Mung wae Semar cepet matur menyang Batara Guru supaya cepet-cepet nggodok Jabang Tutuka ing Kawah Candradimuka, Batara Guru cepet dawuh marang Batara Yamadipati kanggo nggawa awak Jabang Tutuka menyang Kawah Candradimuka. Sabanjure para dewa didawuhi  nguncalke/ nyampurke pusaka sing pada diduweni kanggo mbentuk tuduh Jabang Tutuka luwih kuwat, suwe-suwe kebentuk awak satria gagah saka njero godogan kesebut. Banjur para dewa paweh klambi lan panganggo kanggo Jabang Tutuka sing anyar kesebut, sabanjur merga dheweke mati durung wayahe kedadeyan bisa diuripake maneh marang Batara Guru.

Kajaba anduweni busana, panganggo lan pusaka sing wis mbentuk awake Jabang Tutuka uga duweni pirang-pirang sebutan saka para dewa diantarane : Krincing Wesi, Purabaya, Kancing Jaya, Kaca negara, Arimbi Suta, Bima Putra lan Gatotkaca. Jeneng Gatotkaca iki banjur digunakne ana ing njero crita pewayangan. Kanti  pawujud singg seje banget saka sadurunge Jabang Tutuka nggunakne jeneng anyar Gatotkaca perang maneh nglawan Naga Percona, lan akhire kedadosan nyuwek cangkem lan awak Naga Percona dadi loro. Kuwi akhir saka uripe Naga Percona sing nggawa ketentraman neng Kahyangan, pindhah dadi awal kepahlawanan Gatotkaca sang putra Bima.

Cerita wayang gatotkaca mahabarata dalam bahasa jawa

0 comments:

Post a Comment