• home

Adam Levine Biography

Adam Noah Levine was born in Los Angeles, California on March 18, 1979. His mother name is Patsy Noah, she is an admissions counselor, and his father name is Fredric Levine.  Adam's father's family is Jewish, while Adam's mother is of half Jewish and half German and Scottish ancestry.  

Adam began playing music with his junior-high friends guitarist, Jesse Carmichael and bassist Mickey Madden in September 1995. Ryan Dusick joined the band as drummer and the alternative rock band Kara's Flowers were born.  They released their first album, titled "The Fourth World" at 1997.


Then, he headed to New York City with Carmichael to study music at Five Towns College on Long Island.  While they were there, he was surrounded by new music scenes and influences which give him whole new perspective on songwriting and singing.  He dropped out of school after a semester and headed back to California with Carmichael to reunite with their friends and develop their band. He began writing a bunch of songs that were inspired by his recently failed relationship.  After adding in new guitarist James Valentine, Maroon 5 was officially born.  The band released their debut album "Songs About Jane", which included international hits "This Love", "Sunday Morning" and "She Will Be Loved"

Raden Sadewa

Raden Sadewa

Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang, sejatining wadon”. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.

Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari Raden Sadewa pinaringan asma “Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.

Cerita wayang Raden Sadewa mahabarata dalam bahasa jawa

Dewi Surtikanti

Dewi Surtikanti

Dewi Surtikanti iku anake Prabu Salya lan Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati. Dene Dewi Setyawati dhewe ora liya anake begawan raseksa sing jenenge Bagaspati ing padhepokan utawa pertapan Hargabelah.
Prabu Salya lan Dewi Setyawati nurunake anak cacah lima, yaiku Dewi Erawati (prameswarine Prabu Baladewa), Dewi Surtikanti, Dewi Banowati (prameswarine Prabu Duryudana), Arya Burisrawa lan Rukmarata.
Ing lakon Alap-alapan Surtikanti dicritakake karaton Mandraka kalebon sawijining durjana sing tansah ngadani patemon kalawan Dewi Surtikanti. Maling agung kasebut raine mirip Pamade utawa Arjuna saengga Arjuna saguh ngrangket durjana kasebut.
Ing taman Mandraka, Arjuna bisa sapatemon kalawan durjana sing mlebu ing karaton Mandraka. Arjuna kasil mangerteni jati dhirine duratmaka sing ora liya Suryaputra. Wusana Arjuna lan Suryaputra banjur andon yuda, adu kasekten.
Nanging Suryaputra kasil dikalahake dening Arjuna lan uga kasil dirangket. Suryaputra banjur dipasrahake marang Prabu Salya. Sawise kasil ngalahake Prabu Karnamandra lan ngejeki krajan Awangga, krajan sing tansah ngreridhu lan ngganggu gawe katentremane Mandraka, Suryapurna utawa Karna banjur sinengkakake ngaluhur, dadi raja ing Awangga jejuluk Adipati Karna.
Kasile Karna ngalahake krajan Awangga uga saka pambiyantune Arjuna. Suryaputra sabanjure dijodhokake kalawan Dewi Surtikanti. Nalika upacara pikramane Suryaputra lan Dewi Surtikanti arep digelar, Dewi Surtikanti njaluk supaya dipaesi dening sawijining jaka sing bagus.
Arjuna sing ditetepake lan dipilih dadi juru paes tumrap Dewi Surtikanti. Karna lan Dewi Surtikanti nurunake anak loro, yaiku Warsasena lan Warsakusuma. Ing perang Baratayuda, Dewi Surtikanti mati lampus, belapati tumrap sisihane, Adipati Karna.
Surtikanti mati sadurunge Karna gugur ing pabaratan, nalika nglawan Arjuna. Patine Surtikanti amarga klerune Adimanggala nalika matur marang Sutikanti sing kudune wose ngandharake yen Adipati Karna njaluk sedhah utawa suruh, nanging nalika diungelake dening Adimanggala wose dadi Adipati Karna seda utawa mati.

Amarga klerune Adimanggala iku Surtikanti dadi sedhih banget lan banjur mutusake bakal bela pati marang sisihane kanthi cara mati lampus. Amarga kedadeyan kasebut, Adimanggala antuk paukuman pati saka Karna. Adipati Karna dhewe sing mateni Adimanggala.

Cerita wayang Dewi Surtikanti mahabarata dalam bahasa jawa

Dewi Erawati

Dewi Erawati

Dewi Erawati iku anak mbarepe Prabu Salya, raja nagara Mandaraka. Ibune Dewi Erawati jenenge Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati, anake wadon Begawan Bagaspati, pandhita raseksa ing pertapan Hargabelah.
Miturut sarasilah Parisawuli, Dewi Erawati duwe papat sedulur tunggal bapa biyung, yaiku Dewi Surtikanti (dadi sisihane Adipati Karna), Dewi Banowati (prameswarine Duryudana, raja Astina), Arya Burisrawa (satriya Cindhekembang) lan Rukmarata.
Dewi Erawati dadi prameswarine Prabu Baladewa utawa Kakrasana, lan uga kondhang kanthi sesebutan Wesi Jaladara, saka nagara Mandura. Dewi Erawati lan Prabu Baladewa nurunake anak loro sing jenenge Wisata lan Wimuka utawa Wilmuka. Ing antarane lelakone Dewi Erawati dicritakake nalika sawijining dina Dewi Erawati ilang amarga didhusta dening duratmaka. Duratmaka sing kasil nggawa mlayu Dewi Erawati iku jenenge Kartawiyoga utawa Kartapiyoga, anake Prabu Kurandageni, raja ing nagara Tirtakandasan.
Amarga kedadeyan kasebut, Prabu Salya banjur nggelar pasanggiri utawa patembayan lan medhar sabda, saksapaa sing bisa nemokake Dewi Erawati kanthi slamet, dheweke bakal didhaupake kalawan putri krajan Mandaraka iku. Pasanggiri Dewi Erawati iki ing jagad pedhalangan kondhang kanthi lakon Semar Mbarang Jantur.

Amarga pambiyantune Permadi utawa Arjuna, Kakrasana kasil nemokake Dewi Erawati lan uga kasil gawe morak-marike krajan Tirtakandasan. Prabu Kurandageni lan anake, Kartawiyoga, uga kasil dipateni dening Arjuna. Sabanjure, Dewi Erawati dipasrahake marang Kakrasana minangka sisihane. Minangka ubarampe upacara dhaupe Kakrasana lan Dewi Erawati, mbutuhake patah penganten. Pragota banjur diutus lan diprentahake supaya nggoleki patah penganten kasebut lan wusana sapatemon klawan Endang Werdiningsih. Dene Narayana kasil sapatemon kalawan patah penganten sing jenenge Dewi Jembawati. Sawise kabeh ubarampe upacara dhaupe Kakrasana lan Dewi Erawati pepak, kekarone banjur lungguh amping-ampingan minangka pasangan penganten. Kekarone urip mulya, tansah kalimputan kabagyan lan karaharjan lan sakulawargane. Kulawargane Kakrasana lan Dewi Erawati ora cawe-cawe nalika pecah perang Baratayuda antarane Pandhawa lan Kurawa.

Cerita wayang Dewi Erawati mahabarata dalam bahasa jawa

Nakula

Nakula
Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.
Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.
Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang, yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.
Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa kuwi ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.

Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.

Cerita wayang nakula mahabarata dalam bahasa jawa

Lahire Puntadewa

Lahire Puntadewa

Panggihan ing kraton Astina Pura, Pandhu dipunmajeng dening Dhestharata, Widura uga Patih Jayaprayitna. Piyambake sedaya ngginemaken kandungan Kunthi ingkang sampun ngantos wulan kelairanipun dereng ugi lair. Madya piyambake sedaya wawan pangandikan, Arya Prabu Rukma datheng nyriyosi menawi nagari Mandura badhe diserang perajurit saking nagari Garbasumandha. Raja Garbasumandha badhe ngrebut Dewi Maherah. Raja Basudewa suwun bantuan dening Prabu Pandhu kagem ngelawan musuh. Arya Widura banjur didawuhi kesah datheng Wukir Retawu uga datheng Talkandha, supados nyuwun doa pangestu kagem kelairan jabang bayi kang wanten kandunganipun Dewi Kunthi amargi Prabu Pandhu badhe datheng tlatah Mandura konjuk mbiantu Raja Basudewa kangem nglawan musuh.

Prabu Pandhu memoni Dewi Kunthi ingkang saweg wawan pangandikan kaliyan Dewi Ambika, Dewi Ambiki uga Dewi Madrim. Saksampune nyriyosi babagan rencana kekesahanipun datheng Mandura, Pandhu lajeng tapa. Lajeng budhal datheng Mandura sareng Arya Prabu Rukma. Sawentara Dhestharata nengga keraton Astina Pura. 

Yaksadarma kang dadi Raja Garbasumandha dipunmajeng dening Arya Endrakusuma, Patih Kaladruwendra, Togog, Sarawita uga Ditya Garbacaraka. Yaksadarma ngekajengan ngeek bojo Dewi Maherah kang sakmenika dados Bojo Raja Mandura. Ditya Garbacaraka dipunkengken nglamar, Togog mawenanipun, Patih Kaladruwendra uga perajurit dipunkengken ngawal piyambake sedaya. 

Perajurit Garbasumandha kepanggih kaliyan perajurit Astina Pura. Kedadosana perang, nanging perajurit Garbasumandha mblubut golek dalan liya. 

Basudewa dipunmajeng dening Patih Saraprabawa, Arya Ugrasena uga hulubalang ratu. piyambake sedaya nengga kedathengan Arya Prabu Rukma. Arya Prabu Rukma datheng sareng Pandhu. Saksampune wawan pangandikan, Basudewa mlebet datheng istana badhe manggihi para garwonipun. Nanging Garbcaraka sampun mlebet datheng istana langkung riyen, uga kedadosan Nyulik Dewi Maherah. Dewi Mahendra uga Dewi Badraini kebingungan. Basudewa uga Pandhu datheng, Basudewa tedha kajengipun Pandhu enggal madosini. Pandhu enggal budhal mengker keraton Mandura. 

Pandhu kedadosan mbujeng Garbacaraka uga ngrebat Dewi Maherah, lajeng dipunbekta wangsul datheng Mandura. Daksampune ngabritaken Dewi Maherah, Pandhu tedha pamit, wangsul datheng Astina Pura. 

Semar, Gareng, Petruk uga Bagong pada geguyonan, dumadakan datheng Begawan Abiyasa sowan. Bagawan Abiyasa saweg pangandikan kaliyan Resi Bisma babagan kengandhegan Kunthi. Arya Widura datheng uga tedha pirantos konjuk kelairan bayi ingkang dikandung dening Kunthi. 

Arya Widura didawuhi budhal wangsul datheng Astina Pura, Bagawan Abiyasa uga Resi Bisma enggal ndhereke. Arya Widura dihadang dening buta Garbasumandha. Arya Widura mengamuk, perajurit buta kathah ingkang mati uga minggat. 

Ana ing tlatah liya, Bathara guru ngawontenaken panggihan ing Suralaya, pepanggihan punika dipundhatengi dening Bathara Narada, Bathara Panyarikan, Bathara Dharma uga Bathara Bayu. piyambake sedaya crios babagan kengandhegan Kunthi. Bathara Narada dipunkengken mandhap datheng marcapada sareng Bathara Dharma, Bathara Panyarikan uga Bathara Bayu. piyambake sedaya dipunkengken paring pitulungan dhateng Dewi Kunthi. 

Wonten mergi Basudewa uga Pandhu kepanggih kaliyan Patih Kaladruwendra. Kedadosana sampyuhan, Kaladruwendra pejah dening panahe Pandhu. 


Dumugi wonten Astina Pura, Prabu Pandhu crios kaliyan Arya Prabu Rukma, Ugrasena, ratu Basudewa uga Arya Widura. Arya Widura nyriyosi babagan kesagahan Bagawan Abiyasa uga Resi Bisma Kagem mbiyantu Dewi Kunthi Ngahirake Jabang bayi saka padarane. Madya piyambake sedaya wawan pangandikan, Bagawan Abiyasa uga resi Bisma datheng. Saksampune piyambake sedaya ngalih disambet, lajeng dipunajak mlebet datheng kraton. Ora suwe banjur Bathara Narada uga Bathara dermi datheng. Prabu Pandhu uga Basudewa tumunten nyambet kerawuha para dewa. Bathara Narada nyriyosi babagan tujuan kedathenganipun. Bathara Narada ngengken kajengipun Bathara dermi ngrasuk dhateng Dewi Kunthi kanggo mbimbing kelairan bayi. Sawentara Bathara dermi mrasuk wonten jabang bayi dening kandungan Dewi Kunthi supados enggal lair. Bayi lair kakung. Bathara Narada nyaosi asma Puntadewa, uga nyaged asma Darmaputra utawi Yudistira.

Cerita wayang puntadewa mahabarata dalam bahasa jawa

Werkudara Lahir

Werkudara Lahir
Wayang Mahabarata Bahasa Jawa. Ksatria Bima utawa Bhimasena iku anak lanang nomer loro saka Pandu lan Dewi Kunti kang kalebu saka Pandawa Lima. Bima ugo anduweni asma sanes yaiku Werkudara. Tokoh pewayangan kang digambarake dening tokoh kang gagah perkasa, lan kasar dadi lawan kang medeni kanggo sopo wae kang dadi musuhe.
Ana ing kisah wayang mahabarata bagian Adiparwa diceritaake yen Pandu dikutuk dening Resi Kindama amerga tanpa sengaja mateni Resi Kidama kang anjelma dadi Kidang. Amerga kedadean iku, Dewi Kunti banjur njaluk keturunan saka Dewa Angin kang awujud Dewa Bayu. Saka Dewa Bayu punika Dewi Kunti banjur anduweni keturunan kang dijenengake Bima.
Amerga kalebu keturunan Dewa, kawit bocah Bima terkenal kuat lan ora ana bocah liya kang bisa nandingi kekuatane. Sikap Bima wektu bocah kang seneng jail dening ponakane yaiku Kurawa andadeke Duryadana kang kalebu Kurawa sengit lan dendam dening Bima. Malah kawit bocah Duryadana wis anduweni niat kanggo mateni Bima.
Ana ing cerita wayang Mahabarata Werkudara Lahir Versi Bahasa Jawa diceritakake ana ing sawijining dina wektu para Kurawa lan Pandawa lungo plesiran menyang kali Gangga, Duryudana weneh pangan lan nginum dening Bima kang sakdurunge wis dicampuri racun. Sawise Bima mangan lang nginum dumadakan dewe’e semaput. Ana ing wayah iku Duryadana kang wis duweni dendam dening Bima banjur ngencang Bima nganggo tali lan diseret menyang tengah kali kanti perahu cilik.
Ana ing tengah kali kabeh awake Bima disembur Ulo kang akeh urip ana kali Gangga iku mau. Anehi semburan ulo kang cacahe akeh banget kui mau justru anggawe Bima sadar saka semaput. Sawise Bima sadar apa kang kedadean banjur dewe’e nguculi tali kang mlilit ana ing awake saha mateni ulo kang wis pada nyembur awake. Saka kunu ana siji Ulo kang bisa mlayu saka Bima lan wadul dening rajane kang aran Antaboga.

Krungu pawartos saka anak buahe, raja Antaboga banjur nemoni Bima lan paring nginuman ilahi. Saka nginuman iki diceritakake yen Bima tambah kuat lan bisa bali ana tlatah Astina Pura. Ngerteni Bima mulih kanti slamet Duryudana mangkel banget amerga Bima tasih urip.

Cerita wayang werkudara mahabarata dalam bahasa jawa

Laire Gatotkaca

Laire Gatotkaca
Sakwise suwe nunggu-nunggu akhire Dewi Arimbi ngandung anak saka Bima. Kabeh rakyat Pringgandani seneng banget, amargakne anak iki arep dadi generasi panerus dadi raja neng Pringgandani yen Dewi Arimbi wis tilar donya.
Wektu kuwi kabeh putra Pandawa dimawani Sri Batara Kresna ora ketinggalan kabeh punakawan Semar, Astrajingga, Dawal lan Gareng ngumpul neng Istana Pringgandani, piyambake sedaya lagi ngumpul nunggu wektu kelairan sang putra Bima. Ora suwe banjur krungu tangisan bayi kang nggegerake tlatah Pringgandani, kabehe sing ana ing bangsal njupuk ambekan dawa. Sawektu banjur ana emban sing ngabari yen putra mahkota wis lair kanthi waras ngono uga karo kondisi Dewi Arimbi. Krungu kabar kesebut nambah kebahagian sekabehe, siji poro siji saka dekne kabeh menehake slamet marang Raden Aria Werkudara alias Bima dhuwur kelairan putrane.
Sawentara wayah banjur dekne kabeh bisa mlebu niliki ing njero kamar, ana kamar Dewi Arimbi lagi lumahan ana ranjang kang hiyasane emas lan alase saka sutera arupa biru kedelok seneng karo mesem nyambut ketekan Bima diiringi saka kabeh kadang wargi (sedulur). Ora adoh saka panggone kedelok siji paturon sing luwih cilik, ana kunu katon bayi lanang gagah banget lan tampan prayogane ksatria trah dewa, mung wae embing-embing saka bayi kesebut isih nempel durung dipotong. Pas babakan kesebut ditakonke marang emban, emban njawab menawa kabeh upaya kanggo motong tali embing-embing kesebut ora ana kang kasil.
Krungu jawaban kesebut Bima gusar banget lan njaluk tulung marang sedulur-sedulure kanggo motong tali embing-embing anake kang diparingi asma  Jabang Tutuka. Bima nyoba motong karo kuku pancana ananging gagal,  Arjuna nyoba nggunakne kabeh senjatane diawali karo keris Pancaroba, keris Kalandah, panah Sarotama ugo panah Pasopati kabehe tasih wae gagal. Sri Batara Kresna sing wektu kuwi teka nyoba karo senjata saktinya Cakra Udaksana, mung ngasilke percikan-percikan geni pas dicoba motong tali embing-embing kuwi. Kabeh pada gumun rumangsa takjub lan heran saha pada nglokro, Dewi Arimbi mung bisa nangis ndeleng hal kesebut dirundung rasa kuwatir yen anake kudu nggawa tali embing-embing nganti gedhe. Ana kahanan kesebut tanpa kawruhan sadurunge Begawan Abiyasa sing ora liya mbah kakung saka para Pandawa utawa buyut saka Jabang Tutuka wis rawuh ana panggonan kesebut, kabeh sing teka menehake sembah sungkem marang Abiyasa. Begawan sing sakti mandraguna iki ngomongke menawa tali embing-embing kuwi mung bisa dipotong saka senjata kadewatan sing asale saka Betara guru. Kanggo kuwi Sang Begawan njaluk Arjuna kanggo lunga menyang Kahyangan nggoleki senjata kesebut. Sakwise oleh dawuh saka mbah kakunge lan njaluk ijin marang sedulur-sedulure Arjuna diiringi dening para punakawan cepet menyang Kahyangan kanggo nggoleki senjata sing dipangarahake saka Begawan Abiyasa, lagekne Sang Begawan enggal kundur menyang Padepokan sakwise menehake do’a kanggo buyut  utawa cicite kesebut.
Sawentara ana ing Kahyangan kana kaanan lagi gonjang-ganjing diamargakne tempuhan saka Naga Percona sing pengen mbojo salah siji bidadari sing nduwe jeneng Dewi Supraba. Diamargakne Naga Percona dudu sembarang makhluk, dheweke yaiku raja sing nduweni kesaktian mumpuni lan bisa diomongke luweh dhuwur saka para dewa. Pusaka petir Batara Indra amung kaya godhong-godhong garing kang diuncalke dening anak-anak kanggo Naga Percona, geni mulat-mulat saka Batara Brahma amung dadi dolanan wae kanggo Naga Percona. Batara Bayu sing ngetoke ajian badai gedhe ora anggawe mundur ugo. Cakra Udaksana saka Batar Wisnu padha wae ora bisa ngalahake Naga Pancona, singkat cerita para dewa mundur kanti kahanan babak-bundas.
Batara guru merapal japa lan ndeleng Kaca Trenggana, saka kuni dingerteni menawa sing bisa ngalahake Naga Percona namung Jabang Tutuka anak Bima sing lagi lair. Sabanjure Batara guru ngongkonke Batara Narada kanggo menehake pusakane sing nduwe jeneng panah Konta Wijayadanu marang Arjuna kanggo motong embing-embing Jabang Tutuka karo imbalan bayi kesebut kudu dadi panglima perang ngahadapi Naga Percona. Ana wektu sing barengan Aradeya utawa Karna lagi tapa neng pinggir kali Gangga nggoleki pusaka sekti kanggo deweke, nang wektu Batara Narada nyedhaki panggon kesebut atine seneng amarga Aradeya iki dikira Arjuna, amarga rupane bener-bener persis lan Batara Surya bapak saka Aradeya sengaja ngetoke sinar cemlorot ana sekitar Aradeya, dadine Batara Narada ora gamblang ndelenge, dadine ora sadar menawa wong sing diserahi pusaka kesebut dudu Arjuna.
Sakwise oleh pusaka sekti kadewatan Aradeya bungah banget banjur mlayu tanpa mengucapkan matur nuwun marang Batara Narada, kedadean kuwi nggawe Batara Narada eling menawa dheweke salah wong, ora suwe banjur Arjuan kanti pangiring para Punakawan dugi wonten panggenan kesebut, karo sedhih Batara Narada nyritani menawa awake wis salah wong anggone paring pusaka kadewatan sing sakudune diserahkan marang Jabang Tutuka liwat tangan Arjuna, salah diserahke marang wong sing ora dikenal lan nduweni rupa persis karo Arjuna. Krungu crita kesebut Semar nyalahake Batara Narada amarga gegabah maringna senjata sakti marang wong asing, mawa cepet njaluk Arjuna mburu wong kesebut.
Arjuna mlayu lan kedadeyan nyusul Aradeya, awale pusaka kesebut dijaluk kani apik-apik lan diomongke yen arep digunakne kanggo motong tali embing-embing keponakane. Aradeya ora nggubris apa kang diaturke dening Arjuna, akhire kedadean perang-tanding ngrebutke pusaka kesebut. Nganti kedadean Arjuna nyekel wrangka pusaka kesebut  sawentara Aradeya nyekel gagang panah Konta Waijayadanu. Dekne kabeh padha geret-geretan lan akhire kesungkur amarga pusaka Konta ucul saka warangka/ wrangkane. Banjur Aradeya mlayu lan Arjuna kelangan enggok.
Karo sedhih Arjuna nunjukake warangka pusaka Konta Wijayadanu marang Semar, banjur dhuwur saran Semar dekne kabeh bali menyang Pringgandani sawentara Batara Narad dikongkon mulih menyang Kahyangan lan diomongke menawa Jabang Tutuka arep cepet digawa menyang Kahyangan. Kedadean aneh ana ing Keraton Pringgandani, warangka kang digawa Arjuna kesebut digunakne kanggo motong tali embing-embing Jabang Tutuka, tali embing-embing pedot lan warangka pusaka kadewatan kuwi mlebu ana njero udel Jabang Tutuka. Kedadean iki miturut Semar wis dadi takdir menawa mengko ana pungkasing cerito peperangan gedhe/ perang Bharata Yuda pusaka Wijayadanu bakal bali mlebu marang warangkane, kanti tembung liya Jabang Tutuka bakal mati yen ngadhepi pusaka Konta Wijayadanu.
Sakwise tali embing-embing kepotong Arjuna banjur nggawa Jabang Tutuka menyang Kahyangan kanggo nepati ujar marang Batara Narada, menawa Jabang Tutuka arep dadi panglima perang lan ngadhepi Naga Percona. Awale Bima nglarang amarga anake isih bayi lan piyambake saguh gumantekni ngadepi Naga Percona. Sakwise Semar matur menawa Jabang Tutukalah sing kudu mangkat amarga dheweke sing dipercaya saka dewa lan Jabang Tutuka uga sing wis nggunakne senjata kadewatan dudu liyane. Disamping kuwi Semar njamin yen nganti ana kedadean sing marakake Jabang Tutuka celaka Semar wani wenhke nyawane marang Bima. Krungu atur saka Semar kesebut, Bima sing nduweni linuwih lan ngelingi sapa saktemene Semar iki, akhire ngijinke putrane perang mungsuh Naga Percona.
Arjuna diiringi para Punakawan cepet nggawa Jabang Tutuka menyang Kahyangan, sakwise nyedhaki gerbanga Selapa Tangkep tepate neng Tegal Ramat Kapanasan Arjuna seseleh Jabang Tutuka ing tengah dalan nuju gerbang. Sabanjure Arjuna nggatekake saka adoh bareng karo para dewa, ora suwe Naga Percona teka lan ndeleng ana bayi ing tengah dalan. Dheweke ngece Batara guru kanthi ngomong yen Betara Guru wis edan amerga ngongkon perang nglawan bayi sing mung bisa nangis. Banjur dheweke nggendong Jabang Tutuka lan nyedhakake ana raine marang Jabang Tutukan, ora dinyana tangan Jabang Tutuka ngantem rai Naga Pencona nganti matane kekacar gethih. Naga Percona nesu lan mbanting Jabang Tutuk ana lawang gerba nganti mati. Ddeleng kedaean kesebut para dewa ora kajaba Batar guru, Batara Narada lan Arjuna kaget lan was-was yen Bima nganti ngerti anake mati saka Naga Percona, mesti piyambake bakal ngamuk ana ing Kahyangan. Mung wae Semar cepet matur menyang Batara Guru supaya cepet-cepet nggodok Jabang Tutuka ing Kawah Candradimuka, Batara Guru cepet dawuh marang Batara Yamadipati kanggo nggawa awak Jabang Tutuka menyang Kawah Candradimuka. Sabanjure para dewa didawuhi  nguncalke/ nyampurke pusaka sing pada diduweni kanggo mbentuk tuduh Jabang Tutuka luwih kuwat, suwe-suwe kebentuk awak satria gagah saka njero godogan kesebut. Banjur para dewa paweh klambi lan panganggo kanggo Jabang Tutuka sing anyar kesebut, sabanjur merga dheweke mati durung wayahe kedadeyan bisa diuripake maneh marang Batara Guru.

Kajaba anduweni busana, panganggo lan pusaka sing wis mbentuk awake Jabang Tutuka uga duweni pirang-pirang sebutan saka para dewa diantarane : Krincing Wesi, Purabaya, Kancing Jaya, Kaca negara, Arimbi Suta, Bima Putra lan Gatotkaca. Jeneng Gatotkaca iki banjur digunakne ana ing njero crita pewayangan. Kanti  pawujud singg seje banget saka sadurunge Jabang Tutuka nggunakne jeneng anyar Gatotkaca perang maneh nglawan Naga Percona, lan akhire kedadosan nyuwek cangkem lan awak Naga Percona dadi loro. Kuwi akhir saka uripe Naga Percona sing nggawa ketentraman neng Kahyangan, pindhah dadi awal kepahlawanan Gatotkaca sang putra Bima.

Cerita wayang gatotkaca mahabarata dalam bahasa jawa

Laire Arjuna


Laire Arjuna
Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti lan Bima kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu. Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.

Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur ngahirake bajang bayine. Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njeroweteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya yaiuku Kakang saka jabang bayi kui mau. Bima nggendong adine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.

Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini. Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa. Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.

Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa. Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne. Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah kui. Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal yaiku Arjuna.


Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwa ne Basudewa. Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi raja.


Cerita wayang mahabarata dalam bahasa jawa

Mahkamah Agung

Mahkamah Agung Republik Indonesia (disingkat MA RI atau MA) adalah lembaga tinggi negara dalam sistem ketatanegaraan Indonesia yang merupakan pemegang kekuasaan kehakiman bersama-sama dengan Mahkamah Konstitusi dan bebas dari pengaruh cabang-cabang kekuasaan lainnya. Mahkamah Agung membawahi badan peradilan dalam lingkungan peradilan umum, lingkungan peradilan agama, lingkungan peradilan militer, lingkungan peradilan tata usaha negara.

tugas dan wewenang mahkamah agung diatur dalam UU no. 4 tahun 2004 tentang mahkamah agung dan UU no. 14 tahun 1985

Wewenang
Mahkamah Agung memiliki wewenang:
1.       Mahkamah Agung memutus permohonan kasasi terhadap putusan pengadilan tingkat banding atau tingkat terakhir dari semua lingkungan peradilan
2.       Mahkamah Agung menguji peraturan secara materiil terhadap peraturan perundang-undangan dibawah Undang-undang
3.       Melakukan pengawasan tertinggi terhadap penyelenggaraan peradilan di semua lingkungan peradilan dalam penyelenggaraan kekuasaan kehakiman

Dalam menjalankan tugas- tugasnya mempunyai 5 fungsi, yaitu
1.       Fungsi Peradilan
2.       Fungsi Pengawasan
3.       Fungsi Pengaturan
4.       Fungsi Memberi Nasehat
5.       Fungsi Administrasi

Struktur Organisasi
1.       Pimpinan : Pimpinan Mahkamah Agung terdiri dari seorang ketua, 2  wakil ketua, dan beberapa orang ketua muda . Ketua Mahkamah Agung dipilih dari dan oleh hakim agung, dan diangkat oleh Presiden.
2.       Hakim Anggota : Hakim Anggota Mahkamah Agung adalah Hakim Agung sebanyak maksimal 60 orang. Calon hakim agung diusulkan oleh Komisi Yudisial kepada Dewan Perwakilan Rakyat, untuk kemudian mendapat persetujuan dan ditetapkan sebagai hakim agung oleh Presiden.
Tugas Hakim Agung adalah Mengadili dan memutus perkara pada tingkat Kasasi.
3.       Kepaniteraan : mempunyai tugas melaksanakan pemberian dukungan di bidang teknis dan administrasi justisial kepada Majelis Hakim Agung dalam memeriksa, mengadili dan memutus perkara, serta melaksanakan administrasi penyelesaian putusan Mahkamah Agung
Kepaniteraan Mahkamah Agung dipimpin oleh satu orang Panitera dan dibantu oleh 7 Panitera Muda yakni
·         Panitera Muda Perdata,
·         Panitera Muda Perdata Khusus
·         Panitera Muda Pidana
·         Panitera Muda Pidana Khusus
·         Panitera Muda Perdata Agama
·         Panitera Muda Pidana Militer
·         Panitera Muda Tata Usaha Negara.
4.       Sekretariat : Sekretariat Mahkamah Agung dipimpin oleh seorang Sekretaris dan dibantu oleh 6 unit eselon satu




5.       Pengadilan Tingkat Banding : Pengadilan tingkat banding yang berada di bawah Mahkamah Agung terdiri :
·      Pengadilan Tinggi
·      Pengadilan Tinggi Agama
·      Pengadilan Tinggi Tata Usaha Negara
·      Pengadilan Militer Utama
·      Pengadilan Militer Tinggi
6.       Pengadilan Tingkat Pertama : Pengadilan tingkat pertama yang berada di bawah Mahkamah Agung terdiri :
·      Pengadilan Negeri
·      Pengadilan Agama
·      Pengadilan Tata Usaha Negara
·      Pengadilan Militer

Tugas dan wewenang mahkamah agung
1.       Memeriksa dan memutus pemohonan kasasi, sengketa tentang kewewenangan mengadili, dan permohonan peninjauan kembali (PK) putusan pengadilan yang telah memperoleh keputusan tetap.
2.       Memutus permohonan kasasi terhadap putusan pengadilan tingkat banding atau tingkat terakhir dari semua lingkungan peradilan.
3.       Melakukan pengawasan tertinggi terhadap penyelenggaraan peradilan di semua lingkungan peradilan dalam menjalankan kekuasaan kehakiman.
4.       Mengawasi tingkah laku dan perbuatan para hakim di semua lingkungan peradilan dalam menjalankan tugasnya.
5.       Meminta keterangan tentang hal-hal yang bersangkutan dengan teknis peradilan dari semua lingkungan peradilan.
6.       Menguji peraturan perundang-undangan di bawah UU terhadap UU.
7.       Menyatakan tidak sah peraturan perundang-undangan di bawah UU atas alasan bertentangan dengan peraturan perundang-undangan lebih tinggi atau pembentukannya tidak memenuhi ketentuan yang berlaku.

syarat-syarat untuk menjadi seorang hakim agung adalah sebagai berikut:
1.       WNI.
2.       Bertaqwa kepada Tuhan Yang Maha Esa.
3.       Berijazah sarjana hukum atau sarjana lain yang mempunyai keahlian di bidang hukum.
4.       Berusia sekurang-kurangnya 50 tahun.
5.       Sehat jasmani dan rohani.
6.       Berpengalaman sekurang-sekurangnya 20 tahun menjadi hakim termasuk sekurang-kurangnya 3 tahun menjadi hakim tinggi.

Syarat untuk menjadi panitera adalah sebagai berikut:
1.       WNI.
2.       Bertaqwa kepada Tuhan Yang Maha Esa.
3.       Berijazah sarjana hukum atau sarjana lain yang mempunyai keahlian di bidang hukum.
4.       Berpengalaman sekurang-kurangnya 2 tahun sebagai panitera muda pada MA dan sekurang-kurangnya 3 tahun sebagai panitera pada pengadilan tingkat banding.

Kata kunci = mahkamah agung indonesia, ringkasan materi mahkamah agung, mahkamah agung, tugas mahkamah agung, struktur mahkamah agung, mahkamah agung kelas 10 sma, materi MA/MK/KY,